Selasa, 12 Februari 2013

adi cara adat jawi bab ingkang temanten


ADICARA ADAT JAWI BAB INGKANG TEMANTEN
Pangantènan adat Jawa
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten priya neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.
            Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku
wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.Upacara-upacara pengantèn adat Jawa antarané:

1.   LAMARAN
Adat ingkang sampun, upacara lamaran katindakaken saksampunipun angsal sisik melik, lare istri ingkang dados inceranipun cetha dereng dipun wengku kakung.Dene urutaning adicara lan uba rampening Lamaran kang baku
1.     Atur pambuka saking kulawarga
2.     Atur panglamar ( saged ngagem surat , atur pangandikan).
3.     Caos tanda katresnan ( oleh-oleh, maneka warni dhaharan saking ketan,  werdinipun murit saged lengket / kelet) tumus sageda lajeng rumaket pepindhaning renggang gula kepyur pulut
4.     Caos kintun oleh-oleh yen tamu wau kondur
5.     panutup.
2.Bab Pasang Tarub
Saking pemanggih kula Tarub, satunggaling adat mligi tiyang ingkang badhe kagungan kersa mantu. Liripun jaman kawuri kagem ngawekani yen tamu ingkang rawuh kathah. Nanging ugi kepara malah saged dados pratanda bilih ing mriku wonten ingkang kagungan kersa. Kejawi saking punika ngendikanipun para pini sepuh bilih pasang tarub satunggaling adat ngawekani dhatengipun bab-bab ingkang boten prayogi, mila tarub ugi dados satunggaling srana talak balak.


Pasang tarub punika saking masang tratak dan bleketepe, serta pasang tetuwuhan. Dene Tetuwuhan punika kapasang kagem regol mlebet medalipun tamu. Tutuwuhan ingkang dipun agem werni-werni, ingkang awujud who-wohan ( biji ), wit-witan, ingkang kapilih dados lambing punpa ingkang dados pangajabipun ingkang kagungan kersa.
Tratak pinggiripun paringi “janur kuning”. Dene masangipun paugeranipun kadamel mlengkung, werdinipun amayungi.  Dene tembung “janur” ngendikanipun mengku werdi saking ‘jan-nur’, tegeseipun  ‘jan’ saking tembung “jane”  dene  ‘nur’ cahya. Mila werdinipun Cahya ingkang nyata, utawi terang sanyata. Dene werdinipun masangan janur kuning dados lambang tetenger ing wanci punika ing mriku wonten manten.       ( Yen wis ana janur kuning  mlengkung sira aja wani ngganggu wanita iku)

Salajengipun punapa kemawon uba rampe kagem damel tarub

1. Damel  “kajang” utawi tratak, cagak saking deling ampel utawi wulung (pring), lan payon kadamel kepang , nginggil dipun sukani nam-naman “bleketepe”, pinggiring tratak dipun rengga janur kuning kapasang melengkung.

2. Tetuwuhan, kapasang ing ngajeng / regol ‘pintu masuk’. Tetuwuhan punika saking pisang raja, cengkir gading, tebu  wulung, pari lan cantel, ron  kluwih, ron kruton lan ron ringin. Miturut gotheking ngakathah sedaya wau kapilih mengku pralampita, satunggaling pangajab saking kang kagungan damel

3. Werdinipun Pisang raja” kapilih kang sepuh, wonten kalih tundhun” . kang werdinipun  lambang pangajab ing tembe para putra kagungan watak/sipat kados raja ingkang berbudi bawa laksana, lan tansah dipun pitados tiyang kathah, sarta tansah mranani, kejawi saking punika mugi gesangipun lare kados dene pisang “rila pejah yen sampun wonten wohipun”
4.  “Pari wulu”  kalih unting’ utawi cantel (salah satunggal) lambang sang pinanganten kathah rejeki, boten kekirangan.

5. Klapa ganding ‘2 janjang’. Lambang ing tembe pinangantin saged gesang  ing pundi papan, sarta saged migunani gesangipun mligi brayatipun sumrambah tiyang sanes

6. Tebu wulung’ 2 batang, kapasang kiwa tengen regol wau pinangka tolak balak, nanging ugi dados lambing mantepaning manah anggenipun kagungan kersa. Kejawi saking punika pangajabipun pengantin ing tembe gesang ipun sampun namung pados manisipun kemawon, kadosdene pepatah “habis manis sepah dibuang”

7.  Ron keluwih’, dados lambang supados ing tembe wingking gesangipun saged tansah ‘linuwih’ , sarta gesangipun saged kacukupan ; bab raja brana sarta  derajat dsb
8.  Ron ringin, mengku werdi gesangipun sageda dados payunging kulawarga, sumrambah  dateng masyarakat sakiwa tengenipun. ( nuwun sewu boten malah damel kapitunan )
9. Ron kroton / puring, kejawi dados tolak bala mligi roh alus ingkang badhe ngganggu kawilujenganpin sarta badhe njugaraken sesambetanipun bebrayan
Mila tarub satunggaling pratanda pasang tolak balak sambet anggenipun  kulawarga badhe kagungan kersa mantu. Dene janur kuning kang mlengkung dados lambang bilih lare putri putranipun bapak ( N ) sampun wonten ingkang mengku. Mila pasangipun kedah melengkung mengku werdi ngrengkuh.

3. Siraman

Acara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.

Siraman iku salah siwijiné rantaman ing upacara pengantènan. Acara siraman iku upacara pralambang kanggo ngresikaké jiwa calon pengantèn. Upacara iki dianakaké sedina sadurungé ijab kabul ing omahé calon mantèn. Padatan mapan ing bagéyan omah sing rada kabuka kaya ing plataran mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisanan biasané wong tuwa calon mantèn, banjur diterusaké déning para sedulur liyané, lan uga pemaès nganti gunggung pitu.
Uba rampé sing kudu disiyagakaké antara liya:

Rantaman ing upacara siraman, yaiku:
1. Masang Bleketepe lan Tuwuhan nduwèni ancas minangka kanggo ngèyupi papan kanggo mantu. Sing masang bleketepe yaiku wong tuwa saka pengantèn putri kanggo pralambang gotong royong wong tuwa kekalih kang dadi pangayom ing kulawarga. Déné tetuwuhan sing dipasang, yaiku: cengkir gadhing, gedhang raja sawité, tebu wulung, ron alang-alang, ron kluwih, ron apa-apa, wulen pantun, lan ron waringin. Tetuwuhan kuwi kanggo pralambang pengarepan supaya pengantèn kekalih énggal éntuk momongan.
2. Ngirim Toya Perwitasari menyang Calon Pengantèn Priya yaiku sawisé toya 7 sumber dicampur karo kembang setaman, dijupuk sethithik banjur dikirim menyang omahè calon pengantèn priya. Sing ngirimaké yaiku wakil saka kulawarga sing diarani duta saraya.
3. Sungkeman Sadurungé siraman, calon pengantèn sungkem marang wong tuwa kanggo njaluk pangapura lan pangèstu anggoné arép mbangun abaléwisma.
4. Dedonga
5. Siraman Sing nyiram sepisanan yaiku bapak calon pengantèn banjur ibu pengantèn lan diterusaké para pinisepuh uga kalebu juru paès. Sawisé kuwi, banjur calon pengantèn wudlu nganggo banyu sing dipancuraké saka kendhi dening bapak calon pengantèn.
6. Pagkas Rikma Sawisé siraman banjur diterusaké upacara pagas rikma utawa potong rambut. Potongan rikma saka pengantèn kekalih banjur didadekaké siji banjur ditanem ing upacara tanem rikma.
7. Dodol Dhawet Tatacara ing siraman iku nganggo dodol dhawèt. Iki nduwèni pralambang lan pangajab supaya ing upacara dhaupé penganten suasanané bisa rengèng. Sing dodol dhawet Ibuné penganten putri, déné bapaké mayungi ibuné, karo nyeyuwun ing ngarsané Gusti Kang Maha Agung, muga-muga uripé calon pengantèn bisa sesrawungan karo liya lan seneng dèdana. Sing nukoni dhawet yaiku para tamu lan dhuwit kanggo tuku nganggo dhuwit krèwèng/wingko (pecahan gendhèng). Werdiné (tujuané) dodolan dhawet yaiku: wong omah-omah iku lanang wadon nggayuh jejegé balé wisma (balé omah), supaya tandhan padha-padha marem ing ati (ayem, tentrem). Werdiné dhawet iku arum lan enak rasané, lan bisa ngresiki ganda sawisé dhahar, mula tatacara ngombé dhawet iku tiba tatacara kang keri dhèwe. Kamangka, werdiné dhuwit krèwèng kuwi saka lemah, amarga manungsa iku asalé ya saka lemah kang lantaran bapa biyungé, asalé saka Gusti Allah.
8. Potong Tumpeng Kamulyan Bapak saka pengantèn putri motong tumpeng kamulyan banjur diwènèhaké ibu banjur didulangaké pengantèn putri.
9. Dulangan Pengantèn putri lenggah kaapit bapak ibu banjur didulang.
10. Kembul Bujana Andrawina Para tamu dhahar sesarengan.




4. Midodaren

Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.

4. Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.

5. Ijab kabul

Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.



 

6. Upacara panggih

Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.

·        Balang balangan suruh
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.

·        Wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.

·        Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
·        Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
·        Timbang / pangkon
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
·        Kacar kucur
Tampa kaya; Manten Kakung maringi guna kaya manten putri, Werdinipun kakung maringi guna kaya kang kasuntak kanthi tuntas kagem sisihanipun kang dipun tresnani, mila lajeng dipun bundheli, nanging tumusing manah tasih dereng pitados, mila lajeng katitipaken Ibunipun.
·        Dahar klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan. Kakungipun mundut sekul kakepel 3X, kaparingaken ing lancaran kang kaasta manten putri, lajeng kadhahar sisihanipun piyambak, kang kakung namung mirsani kanthi mesem… bingah. Lajeng sami wijik, lan ngujuk sesarengan.
·        Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.


·        Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih. yen besan badhe rawuh, prayogi dipun papak, yen sampun lenggah nembe sungkeman. Sepisanan sungkem tiyang sepuhipun putri, lajeng sungkem tiyang sepuhipun kakung ( besan) .dipun purwakani metuk besan, yen sampun lenggah, lajeng dipun purwakani sungkeman, caranipun kados Yogya. Yen sungkeman: prayogi keris boten diagem, yen sampun rampung sungkeman keris dipun agem malih
·        Kendhuri / resepsi
Kendhuri (uga asring kasebut kendhurèn lan kondangan) iku sejatiné upacara slametan utawa syukuran. Yèn ana wong Jawa kang nduwé khajatan, biasané ana kendhuri amarga sing diarep-arep wis kaleksanan lancar lan aman, utawa ndedonga amrih olèh kaslametan nalika arèp ngayahi sawijining lelaku sing wigati. Acara iki biasané dadi rangkéyaning acara kelairan, khitanan utawa pernikahan. Kendhuri acara pernikahan saiki umumé uga diarani resèpsi.Acara utama jroning upacara kendhuri yakuwi arupa ritual ndedonga marang Pangèran Kang Maha Kuwasa supaya diparingi kaslametan, karahayon tumrap sing kagungan kersa sumrambah marang kabèh para rawuh. Kanggo wong Islam ing acara iku biasané padha maca Surah Yasin.























Jumat, 08 Februari 2013

muhasabah

, hidup kita hanya satu kali
. di sekitar kita  ada banyak orang
, entah kita,
bagaimana kita .....
sudahkah kita membahagiakan mereka
sudahkah kita memberi yang terbaik untuk merka
ataukah kita yang banyak menyakiti mereka
hidup kita hanya sekali
kematian akan selalu membayang bayangi kita

hidup
jalani hidup dengan maksimal
kita hidup di dunia ini hanya sebnagai jembatan
takkan selamanya
di sana masih ada jalan selanjutnya yang menunggu
akan kah kita menyesal
      akan kah kita diam saja di dunia yang fana ini
 tiada bekal tuk di bawa ke tempat yang aba\di
masa depan


sebuah puisi yang merubah hidup
aku akn menjadi karang
tak pupus
ribuan hujan menghujam


sebuah lautan mnggoyak
aku kan tegar berdiri tegak
tetap tegar
tak tergoyah


semangat
kata naruto   sampai titik terakhir
kata edison   terus mencoba
kata kan  hati ku
 AKU BISA