contoh puisi bahasa jawa
Duh Cah Ayu
Dening Aurora Ayu Kusuma
Duh cah ayu kang tak anti – anti
Kang leledhang ing mripat iki
Kang bisa gawe tentreming ati
Kang
tak anti – anti
Duh cah ayu
Ati iki kadhung tresna
ngene
Saiki piye tambane
Nadyan ana udan gludhug
nora tak paelu
Tetep kukuh tresnaku
Rungokna tresna ati iki
Duh cah ayu kang tak tresnani
Tresnaku sundhul wiyati
Tresnaku sumimpen rapet ing sajroning kalbu
Tanganku kepingin nggandheng astamu
Bebarengan ngronce impen endhahe wektu
Amung tekamu cah ayu
Kang bisa gawe
tentreming atiku
Atiku rasa suka surak
girang gumuyu
Nalika sliramu nampi
tresnaku
Duh cah ayu
Komentar
Posting Komentar