Selasa, 08 Desember 2015

ASALE JENENG BATURADEN

ASALE JENENG BATURADEN
(Ana rong versi)
Baturaden,mujudake papan wisata kawentar ing perenging gunung Slamet sisih kidul mlebu kawasan kutha Purwokerto,Banyumas,iya Jawa Tengah iring kulon.Minangka papan rekreasi,Baturaden duweni kaluwihan yakuwi ana sumber banyu panas kang katelah Pancuran Pitu lan Pancuran Telu.Kajaba kuwi uga ana bumi perkemahan,sasana  patirahan anak,hutan wisata,kolam renang,taman hiburan,lan liyane.Jeneng Baturaden uga minangka jeneng kutha kecamatan.Miturut M.Sarjono,pensiunan Wedana Jatilawang(Banyumas)kangnate tugas ing Baturaden,asale jeneng Baturaden iku ana rong versi.Yaiku versi Kuthaliman lan versi Syeh Maulana Maghribi.Versi Kuthaliman nyebutake,jaman sang Adipati ing Kadipaten Kuthaliman kagungan putra putri cacahe papat.Sang Adipati kang remen nitih turangga kagungan abdi Gamel,kang pakaryane ngupakara jaran.Nanging gamel kasebut tetela andon asmara karo sawening putrine Sang Adipatri kanthi sesidheman.Bab iku ndadekake dukane Sang Adipati.Mulane putrine lan Si Gamel di tundhung saka dalem Kadipaten.Lungane wong loro kadharang-dharang,lan  kelakon ningkah resmi ing sawenehing desa kang diliwati.
Sabanjure sajrone lelana diterusake.Wektu iku Sang Putri wis nggarbeni sepuh.Tekan pinggir kali Sang Putri kelakon babaran miyos kakung.Mula kali kasebut banjur dijenengi Kali Putra,penere salor Kuthaliman.Anggone nerusake ngumbara tekan sawenehing papan kang endah lan hawane seger,banjur padha leren sawetara.Iya papan kasebut kang banjur katelah jeneng Baturaden.Saka tembung batur(si Gamel)lan raden(sang Putri Kuthaliman kang isih tedhak turune priyagung).Bab iki ngiras pantes kanggo pepenget lan njuluki anake lanang si Gamel (batur)kang patutan karo putri penggedhe (raden).
Dene versi Syeh Maulana Maghribi,di purwakani saka pangulandarane Syeh Maulana Maghribi kang mencarake agama islam ing tanah Jawa,dikancani rewange aran Kaji Dhatuk.Tekan laladan Pemalang nalika nyawang mangidul sumurup teja sumunar sundhul ngawiyat.
Syeh Maulana ngluru pernahe teja manther ana Brahmana lagi tapa lendhetan wit jambu.Brahmana iku nguman-nguman lan nantang ngejak adu kasekten.Panantange dituruti.Pungkasane Syeh Maulana unggul ing jurit.Brahmana iku banjur gelem ngrasuk agama Islam,dijenengi Syekh Jambukarang.Kajupuk saka wit jambu minangka palendhetane sing tapa kang sakiwa tengene akeh watu karang.Sabanjure Syeh Maulana kapundhut dadi mantu dening Syekh Jambukarang,nganti peputra lima lan mapan ana ing laladan Banjarcahyana kanthi asma Eyang Atasangin.
Kacarita Eyang Atasangin ketama lara budhug,saranduning awak gatelan lan kudhisen ora mari-mari.Eyang Atasangin tampa wisik supaya ngluru tamba menyang Gunung Goram,kadherekake Kaji Dhatuk.Tekan Perenging gunung sumurub uwab kebul kang tetela ana tuk kang banyune panas.Eyang Atasangin nuli nglarah prenahe uwab kang tetela ana tuk kang banyune panas.Eyang Atasangin tumuli lukar busana lan kungkum ing tuk panas kasebut nganti pirang-pirang dina,satemah lelarane bisa saras.Iya tuk iku kang kasebut  Pancuran Pitu lan Pancuran Telu.Jeneng gunung Goram diganti Gunung Slamet,minangka paseksen yen Syeh Maulana temen-temen bisa saras lan slamet marga kasiyate banyu panas tuk kasebut.
Eyang Atasangin banjur mundhun njujuk papane Kaji Dhatuk kan isih tuhu setya ngrantu.Eyang Atasangin rumangsa trenyuh weruh kasetyane Kaji Dhatuk,mula banjur diparabi Rasuludi,tegese rewang kang becik.Lan papan kono banjur dijenengi Baturaden,mingset saka tembung baturadian.Kanggo pepenget yen ing kono tau ana batur(abdi) kang adi(becik)
Miturut gothek,Eyang Atasangin nalika seda uga dimakamke ing Baturaden,cedhak Pancuran telu.Makam kasebut dening pendhuduk akeh kang nganggep kramat.Pendhak malem Selasa Kliwon lan Jum’at Kliwon akeh pawongan saka Banyumas,Purbalingga,Pekalongan,lan sakiwa-tengene padha nenepi ing papan kono.Tekan seprene isih ana tradisi,yen ana pendhudhuk saka Bumiayu,Tegal,lan sakiwa-tengene duwe gawe mantu,mantene dikrab menyang Baturaden kanthi isih nganggo busana nganten komplit.
Kapethik saka:Kalawarti Djaka Lodhang

Buku bahasa jawa penerbit dan percetakan USAHA MANDIRI  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar